Current File : //opt/RZphp72/includes/test/I18N_UnicodeNormalizer/tests/benchmark/data/javanese.txt
<html>
<head>
<meta http-equiv="Content-Type" content="text/html; charset=utf-8">
<title>OHCHR: Javanese () - Universal Declaration of Human Rights</title>
</head>
<link rel="stylesheet" type="text/css" href="../udhr.css" />
<body>

<h3 align="center">Universal Declaration of Human Rights - Javanese ()</h3>
<hr>

<div class="udhrtext" lang="jw">
  

<h3>PRANYATAN UMUM NGENANI HAK-HAK ASASI (UMAT) MANUNGSA</h3>

<p>Saben umat manungsa lair kanthi hak-hak kang podho lan pinasthi lan kanthi 
kabebasan-kabebasan ing bakuning angger-angger (wewaton = undang-undang). Perserikatan 
Bangsa-Bangsa darbe komitmen (tekad nglaksanakake maujude janji lan kasaguhane) kanggo 
junjung luhur, nggrengsengake lan ngayomi hak-hak asasi umat manungsa marang saben pribadi 
(individu). Komitmen kasebut ingayatan saka Piagam Perserikatan Bangsa-Bangsa kang 
nukulake kamantepaning kayakinan para bangsa sa-donya tumrap hak-hak asasi umat manungsa 
ing bakuning paugeran sarta tumrap martabat lan ajining kamanungsan. Ing Pranyatan Umum 
ngenani Hak-Hak (umat) Manungsa, Perserikatan Bangsa-Bangsa nandhesake kanthi terwoco lan 
prasoja, hak-hak kang dadi darbeke saben uwong kanthi adil. Hak-hak kasebut, nyata dadi 
darbekmu kabeh. Kabeh mau, iyo hakmu. Kenali lan pahamana hak-hak kasebut. Supaya 
kasengkuyung mbiwarakake lan nglestarekake kanggo paugeran dhiri pribadhi sarto kanggo 
sapepadhane umat manungsa liyane.</p>
<b>

<p><font size="3">PRANYATAN UMUM NGENANI HAK-HAK ASASI (UMAT) MANUNGSA</font></p>
</b>

<h4>PAMBUKA / MUKADIMAH</h4>

<p>MANIMBANG manowo ngakoni marang martabat alamiah sarta hak-hak kang padha lan pinasthi 
ing saben warganing kulawarga umat manungsa, mujudake landhesaning kamardikan, kaadilan 
sarta bedhamening donya.</p>

<p>MANIMBANG menawa nyingkur lan nganggep remeh hak-hak umat manungsa bisa njalari tandang 
tanduk kasar lan wengis kang nuwuhake rasa runtik atine umat manungsa, lan kabangune donya 
dadi papaning umat manungsa bisa ngrasakake lan ngalami nikmating bebas medhar panemu lan 
bebas ngrasuk agama sarta kalis saka rasa wedi lan was-sumelang sarta urip kacingkrangan, 
kapratelakake dadi pranyatan minangka dadi gegayuhan luhur sakabehing umat manungsa lumrah 
(kawula alit).</p>

<p>MANIMBANG manawa hak-hak umat manungsa perlu antuk pangayoman kanthi pranatan lan 
tatanan angger-angger (undang-undang), amrih saben uwong ora kepeksa milih nglawan 
(mbrontak) minangka kupiyo kang pungkasan anggone ngrekodaya kanggo nglawan marang tindak 
daksiya lan panjajahan.</p>

<p>MANIMBANG manawa mekaring pamerdi panggulowenthahing sambung pamitran ing antaraning 
para bangsa saben negara perlu lan wigati dirembakakake.</p>

<p>MANIMBANG manawa para bangsa ing Perserikatan Bangsa-Bangsa, ing sajroning Piagam 
Perserikatan Bangsa-Bangsa, wus padha mratelakake kanthi tandhes anggone ngugemi marang 
hak-hak kang baku umat manungsa, marang martabat lan ajining pribadine umat, lan marang 
hak-hak priya lan wanita kang sadrajat lan padha, sarta wus gawe putusan bakal nyengkuyung 
majuning sosial sarta ajining urip amrih saya luwih becik, kanthi kamardikan kang omber 
lan jembar tebane.</p>

<p>MANIMBANG menawa Negara-Negara Anggota wus ikrar lan prajanji bakal nggayuh kang saya 
maju anggone ngajeni lan ngurmati ajining umum marang hak-hak asasi umat manungsa sarta 
rasa bebas kang asasi (kanthi paugeran) ing ujuding sambung makarya klawan Perserikatan 
Bangsa-Bangsa.</p>

<p>MANIMBANG manawa kanthi manunggaling pangerten ngenani hak-hak lan tumindak kanthi 
bebas kasebut, perlu banget, kanggo ngleksanani janji kanthi temen, mulo,</p>

<p>MAJELIS UMUM </p>

<p>mbiwarakake </p>

<p>PRANYATAN UMUM NGENANI HAK-HAK ASASI (UMAT) MANUNGSA </p>

<p>minangka sawijining paugeran umum kanggo kasiling gegayuhan saben bangsa lan saben 
negara, dene kang katuju supaya saben uwong lan saben bebadan ing satengahing bebrayan 
(masyarakat), kanthi tansah eling lan ngugemi Pranyatan iki, tansah mersudi ngadani 
panggulowentah supaya rasa ngajeni lan ngurmati hak-hak sarta urip bebas kasebut saya 
mekar ngrembaka. Sarta kanthi reka daya progresip kang asipat nasional lan internasional, 
bisa nanggung wujuding kasaguhan ngakoni lan anggone asung pakurmatan kanthi universal lan 
efektif, iya saka bangsa-bangsa ing Nagara-Nagara Anggota, kalebu bangsa-bangsa ing 
laladan kang kabawah panguwasaning angger-anggere (wewaton = undang-undang).</p>

<h4>BAB : 1</h4>

<p>Saben uwong kalairake kanthi mardika lan darbe martabat lan hak-hak kang padha. Kabeh 
pinaringan akal lan kalbu sarta kaajab pasrawungan anggone memitran siji lan sijine kanthi 
jiwo sumadulur.</p>

<h4>BAB : 2</h4>

<p>Saben uwong darbe hak tumrap hak lan kebebasan-kebebasan kang tinulis ing Pranyatan 
Umum iki tanpa pilih kasih, kabeh warata lan adil ing samubarang, kayata: beda bedaning 
ras, warnaning awak (walulang), beda-bedaning lanang lan wadon, basa, agama, politik lan 
panemu liyane, asal usul suku bangsa lan bebrayan, hak darbe, tatalair lan kalungguhan 
liyane.</p>

<p>Sakbanjure,ora bakal ana prabedane tumrap kalungguhan politik, angger-angger 
(undang-undang) utowa kalungguhan internasional saka negara utowa laladan asal usuling 
sawijinging uwong, sanadyan saka negara mardika, laladan-laladan ing panguwasaning wali, 
jajahan utawa kang winengku ing kawasaning liyan.</p>

<h4>BAB : 3</h4>

<p>Saben uwong nduweni hak ingatasing uripe, bebasing uripe lan kaslametane minongko 
pribadi (individu).</p>

<h4>BAB : 4</h4>

<p>Ora keno sawijining uwong didadekake budhak utawa batur, maujuding budhak lan batur 
tukon kanthi ujud apa wae dadi larangan.</p>

<h4>BAB : 5</h4>

<p>Ora kena sawijining uwong disiyo-siyo ing siksa, utawa nandhang tindak kejem, dipatrapi 
utawa nampa pidono kang ora kaya lumrahing umat manungsa utowo siningkur karemehake.</p>

<h4>BAB : 6</h4>

<p>Saben uwong darbe hak tumrap paseksi ing sajroning angger-angger (undang-undang) 
minongka umat manungsa sacara pribadi ing endi wae papan dununge.</p>

<h4>BAB : 7</h4>

<p>Ngadepi hukum, kabeh duwe hak padha lan darbe hak oleh pengayoman angger-angger sing 
padha, tanpo dibedak-bedakake. Kabeh duwe hak ingayoman sing padha marang tumindak 
mbedak-mbedakake (diskriminasi) kang ora cundhuk (cocok) karo Pranyatan iki, lan marang 
sawernaning pamilut (ngojok-ojoki) sing tumuju marang tumindak diskriminasi kasebut.</p>

<h4>BAB : 8</h4>

<p>Saben uwong nduweni hak kapulihake kanthi trep saka sesambungane kapatrapan pengadilan 
nasional tumrap tidak-tanduk kang nalisir saka hak-hak baku kang dening angger-angger 
(undang-undang) kapasrahake dadi hake.</p>

<h4>BAB : 9</h4>

<p>Ora ana siji wae uwong kang kena ditangkep, ditahan utawa kasingkirake kanthi 
sawenang-wenang.</p>

<h4>BAB : 10</h4>

<p>Saben uwong, kanthi nduweni drajad padha ing satemene, darbe hak tumrap pangadilan kang 
adil lan tinarbuka dening pangadilan kanthi bebas lan ora bot-sih, ing babagan netepake 
hak lan kuwajiban-kuwajiban sarta ing sajroning nampa saben ancaman pidana kang ditetepake 
marang saben uwong.</p>

<h4>BAB : 11</h4>

<ol>
  <li>Saben uwong kang dinakwa amargo dianggep nidakake laku nalisir saka undang-undang, 
    dianggep durung nyandhang kaluputan sadurunge undang-undang mbuktekake kaluputane ing 
    pangadilan kang tinarbuka, ing bab iki saben uwong oleh jaminan kang diperlokake kanggo 
    mbelani hake.</li>
  <li>Ora ana uwong siji wae kang kena dianggep luput nindakake nglanggar undang-undang utowo 
    tledhor, kang ora mujudake tindak nalisir saka undang-undang nasional utowo internasional, 
    ing titi mangsa tumindak mau linakonan. Ugo ora prayoga nemtokake paukuman kang luwih abod 
    katimbang paukuman kang katetepake nalika tindak nglanggar undang-undang iku linakonan.</li>
</ol>

<h4>BAB : 12</h4>

<p>Ora ana uwong siji wae kang kena diregoni hak pribadine, kulowargane, bale wismane 
utowa sesambungane nampa lan ngirim layang kanthi sawenang-wenang; uga marang hak 
pakurmatan lan ajining diri. Saben uwong ndarbeni hak kaayoman dining undang-undang awit 
saka anane gangguan utowo tindak nalisir mangkono iku.</p>

<h4>BAB : 13</h4>

<ol>
  <li>Saben uwong darbe hak tumrap bebasing tumindak utawa ora nindakake apa-apa ing sajroning 
    laladan wewengkoning negara.</li>
  <li>Saben uwong darbe hak ninggalake sadhengah negara, kalebu negarane dhewe, lan darbe hak 
    bali maneh menyang negarane. </li>
</ol>

<h4>BAB : 14</h4>

<ol>
  <li>Saben uwong darbe hak ngupaya pangayoman marang negara liya kanggo pangayoman amarga 
    anggone dadi buron.</li>
  <li>Hak kasebut ora kena kaetrapake manawa anggone dadi buron iku nyata kang dadi sababe 
    awit tumindak kadursilan kang ora gegandhengan karo politik, utowo karana tumindak kang 
    nalisir karo tujuan sing baku saka Perserikatan Bangsa-Bangsa.</li>
</ol>

<h4>BAB : 15</h4>

<ol>
  <li>Saben uwong darbe hak dadi warga negara.</li>
  <li>Ora ana uwong siji wae kang kanthi tanpa landhesan tatanan banjur kabatalake anggone 
    dadi warga negara utowo ditampik hake kanggo salin dadi warga negara liya.</li>
</ol>

<h4>BAB : 16</h4>

<ol>
  <li>Priya lan wanita kang wus diwasa kanthi tanpa mawas bangsa, warga negara utawa agama, 
    darbe hak nglakoni ningkah lan mbangun kulawarga. Kabeh nduweni hak kang padha ing babakan 
    neningkahan, ing sajroning alam ningkah lan ing alam pepisahan/pegatan.</li>
  <li>Neningkahan amung bisa dileksanani adhedhasar pilihan bebas lan temen-temen dadi 
    pasarujukane penganten sakeloron.</li>
  <li>Brayat/kulawarga iku sawijining tetunggalan kang alamiyah lan baku ing masyarakat lan 
    anduweni hak pangayoman saka bebrayan (masyarakat) lan nagara.</li>
</ol>

<h4>BAB : 17</h4>

<ol>
  <li>Saben uwong duwe hak andarbeni bandha, kanthi pribadi utawa bebarengan karo uwong 
    liyane.</li>
  <li>Ora ana uwong siji wae kena dirampas bandhane kanthi sawenang-wenang.</li>
</ol>

<h4>BAB : 18</h4>

<p>Saben uwong darbe hak bebas duwe panemu, kalbu lan agama. Ing babakan iki kalebu hak 
bebas ganti agama lan kapitayan, lan hak bebas kanggo anekseni agamane utawa kapitayane, 
kanthi cara anggelar piwulang, nglakoni, laku ibadhah lan setya tuhu ngugemi percayane, 
kanthi cara pribadi utowo bebarengan karo uwong liyane, ing ngedhengan (ngareping umum) 
utowo pribadi.</p>

<h4>BAB : 19</h4>

<p>Saben uwong darbe hak ingatase hak bebas mratelakake panemume, kalebu duwe hak bebas 
darbe panemu tanpo diregoni/diganggu, lan kanggo ngupaya, nampa sarta mratelakake 
informasi lan pamikiran penemune lumantar media apa wae kanthi tanpa mawas watesing 
wewengkon laladan.</p>

<h4>BAB : 20</h4>

<ol>
  <li>Saben uwong nduweni hak ingatase hak bebas ngumpul lan gawe paguyuban tanpa anane 
    rudapeksan.</li>
  <li>Ora ana uwong siji wae kang kena dipeksa lumebu ing sawijining pakumpulan /paguyuban.</li>
</ol>

<h4>BAB : 21</h4>

<ol>
  <li>Saben uwong nduweni hak cawe-cawe ing kaperluane pamarintah nagarane, kanthi langsung 
    utawa lumantar wakil-wakil kang pinilih kanti bebas.</li>
  <li>Saben uwong darbe hak kang padha kanthi kalodhangan kang padha bisa kawisudha tampa 
    kalungguhan/jawatan pamarintah ing negarane.</li>
  <li>Gegayuhaning rakyat kudu dadi lambaran baku wewenange pamarintah, gegayuhan iki kudu 
    kawujudake kanthi cara anane pamilihan umum kang dianakake ing wektu kang tinamtu lan 
    murni kanthi hak pilih kang umum lan sadrajat, kanthi pungut swara sacara wadi utawa 
    kanthi pranatan liya angger bisa nanggung hak bebas anggone milih.</li>
</ol>

<h4>BAB : 22</h4>

<p>Saben uwong, minangka warganing bebrayan (masyarakat) anduweni hak ingatase jaminan 
sosial, sarta darbe hak amrih kaleksanane hak-hak ekonomi, sosial lan budaya sing dadi 
kaperluwan martabate sarta mekaring pribadine kanthi bebas, lumantar rekadaya nasional 
utawa karya pamitran internasional, condhong marang tata pranatane lan sumber dayaning 
Nagara.</p>

<h4>BAB : 23</h4>

<ol>
  <li>Saben uwong anduweni hak pagawean, hak bebas milih pagawean, darbe hak anane 
    syarat-syarat nyambutgawe kanthi adil lan nguwohake kauntungan sarta nduweni hak ingayoman 
    ing kahanane naliko ora nyambutgawe/nganggur.</li>
  <li>Saben uwong kanthi ora kabedak-bedakake, darbe hak ingatase pituwas (opah, asil) kang 
    padha tumrap pagawean kang padha.</li>
  <li>Saben uwong kang nglakoni pagaweyan nduweni hak nampa opah/asil kang adil lan 
    nguntungake/bathi, kang nanggung bisane dadi panguripan kang murwat kanggo dhiri pribadi 
    lan ugo marang kaluwargane, lan manawa ana wigatine katambah ing lindhungan kaperluwan 
    sosial liyane.</li>
  <li>Saben uwong darbe hak nggawa lan ngleboni paguyuban-paguyuban pegawe kanggo ngayomi 
    kaperluane.</li>
</ol>

<h4>BAB : 24</h4>

<p>Saben uwong nduwe hak ngaso lan libur, kelebu pranataning wanci nyambut gawe kang 
murwat lan dina libur kang pantes kanthi wewaton tumata, lan tetep nampa</p>

<p>opah/pituwasing karya.</p>

<h4>BAB : 25</h4>

<ol>
  <li>Saben uwong nduweni hak bisane urip kanthi murwat, kanggo kasarasan lan katentremane 
    dalasan kulawargane, tan keri ing bab hak pangan, sandhang, papan lan pangopening 
    kasarasan sarta kaperluan sosial sing dadi kabutuhan lan hak oleh tanggungan jaminan 
    nalika ngalami nganggur, nandhang lara, cacat, dadi warondha, nyandak umur tuwa, utawa 
    kahanan liyane kang njalari kacingkrangan, kang nyata ngluwihi daya kekuwatane.</li>
  <li>Poro biyung (ibu) lan bocah-bocah darbe hak oleh pangopen lan bantuan istimewa 
    (mirunggan). Kabeh bocah, kang lair ing sajroning tatanan ningkah utowo sanjabaning 
    tatanan ningkah kudu antuk pangayoman sosial kang padha.</li>
</ol>

<h4>BAB : 26</h4>

<ol>
  <li>Saben uwong darbe hak oleh panggulowenthah ing pawiyatan kanthi gratis, saora-orane 
    tumrap sekolah/pawiyatan dhasar. Pawiyatan dhasar kawajibake. Sekolah (pawiyatan) tehnik 
    lan jurusan umum kanggo saben uwong kanthi tinarbuka, saben uwong bisa lumebu ing 
    pawiyatan luhur kanthi pranatan kang padha salaras karo murwat lan pantese.</li>
  <li>Panggulowenthah kudu kaenerake amrih saben pribadi biso mekar kanthi omber, biso ndayani 
    saya kandele rasa bisa ngajeni lan ngurmati hak-hak asasi umat manungsa lan 
    kebebasan-kebebasan kang baku. Panggulowenthah ing pawiyatan kudu bisa nenangi lan 
    mekarake rasa tepa salira karo pepadhane, mekaring pamitran, paseduluran ing antarane 
    bangsa-bangsa, bebrayan, ras apadene agama, sarta njalari kudu saya majuning Perserikatan 
    Bangsa-Bangsa sajroning memetri lan nyipto bedhamen/pirukun.</li>
  <li>Para wong tuwa, darbe hak utama sajroning milih pawiyatan papan panggulowenthah kanggo 
    anak-anake.</li>
</ol>

<h4>BAB : 27</h4>

<ol>
  <li>Saben uwong duwe hak ngrasuk lan ambyur ing kiprahing kabudayan ing sadina-dinane ing 
    bebrayan, ngresepi seni, lan bisa ngrasakake ngalami majuning urip lan paedahing kawruh.</li>
  <li>Saben uwong duwe hak antuk pangayoman anggone kiprah lan makarya ing babagan ngelmu lan 
    kawruh - kang arupa pangayoman marang kauntungan sing awujud moril utawa materiil, uga ing 
    kasusastran utawa seni kang cinipta/asil karyane.</li>
</ol>

<h4>BAB : 28</h4>

<p>Saben uwong darbe hak ingatase pranatan sosial nasional lan internasional, salaras karo 
hak-hak lan kabebasan-kabebasan kang kamot ing Pranyatan iki bisa kanthi temen maujud.</p>

<h4>BAB : 29</h4>

<ol>
  <li>Saben uwong nduweni kuwajiban marang bebrayan/masyarakat, kang sanyatane ora ana papan 
    liya kang bisa dadi papan mekaring kapribaden kanthi bebas sarta temen-tumemen.</li>
  <li>Sajroning ngleksanani hak-hak lan kabebasan-kabebasane, saben uwong kudu mbangun miturut 
    marang pranatan kang salaras karo undang-undang (angger-angger), kang isi ancas lan 
    tujuwan sing ora ana liya kajaba mung amrih gumolonging niyat ngugemi lan ngurmati kanthi 
    trep marang hak-hak lan kabebasan-kabebasan uwong liyane, kanggo mujudake syarat-syarat 
    kang adil ing bab kasusilan, tertib tumata lan katentremaning umum, ing 
    bebrayan/masyarakat kang demokratis.</li>
  <li>Hak-hak lan kabebasan-kabebasan kasebut, kanthi alesan lan pawadan apa wae, ora keno 
    dilaksanani nalisir karo ancas lan tujuwan sarta wewaton-wewatoning Perserikatan 
    Bangsa-Bangsa.</li>
</ol>

<h4>BAB : 30</h4>

<p>Ora ana siji wae isi sajroning Pranyatan iki kena katapsir menehi kalodhangan marang 
sawijining Nagara, paguyuban utawa pribadi, kang awujud hak supaya oleh utawa murihake 
antuk pakaryan apa wae, utawa nglakoni tumindak kanthi tujuwan ngrusak hak-hak lan 
kabebasan-kabebasan wujud apa wae kang kapacak ing sajroning Pranyatan iki.</p>


</div>


<hr>
<font size=-1>
&copy; The Office of the High Commissioner for Human Rights<br><br>

OHCHR-UNOG<br>
8-14 Avenue de la Paix<br>
1211 Geneva 10, Switzerland<br><br>

+41 22 917-9000<br>
udhr@ohchr.org<br>
</font>
</body>

</html>